Assalamuallaikum
Blog iki isine ngemot hasil karyaku, cerkak, geguritan, dan sawetara travellingku. Nanging, uga dakselipake pengetahuan basa Jawa sing entheng-entheng.Aku wis tau nyabet juara I nulis geguritan lan cerkak ing Yogyakarta. Tahun 2010, oleh penghargaan saka Hallmark TV Channel Asia (saiki ganti DIVA Channel) kanggo tulisan features-ku "David Gurnani Duta Besar The Bigest Looser Asia 2010" Hobiku saliyane nulis, travelling utawa plesiran ing sadengah papan. Aku wis tau dadi redaktur Rubrik Geguritan/Cerkak ing kalawarti Mardika Basa Jawa Jaka Lodang ing Ngayogyakarta, lan Tabloid NOVA Kelompok Kompas-Gramedia ing Jakarta.
Mangga sing arep tukar kawruh bab basa, sastra lan budaya Jawa, sinau bareng-bareng ing blog iki. Ibu-ibu sing mrangguli kesulitan pelajaran putra-putrane sing isih SD/SMP, dakaturi kirim email persoalane kalantar emailku, bahasajawaku@gmail.com utawa erenstnov@yahoo.com. Yen aku bisa atur wangsulan dakbalesi lan kapacak ing blog iki. Manawa aku ora bisa bakal dakterusake marang ahline. Nuwun. Wassalammualaikum.